Tuesday, December 2, 2008

Jarene bojoku

Mbiyen kan aku wes kondo, urip bebrayan kui ora gampang
nek susah ojo nggresulo, nek seneng ojo umuk

Setu Gajian, Minggu Itungan, Senen Golek Utangan, Kemis Gelimpangan, Jum'at meneng-menengan.

Dadi wong wedok, pecicilan ngladeni bojo karo anak
Dadi wong lanang golek pangan, kepikiran disambati bojo karo anak

Golek gawean kui ora gampang, ojo nglokro mergo diseneni juragan
Awak lungkrah kui wes biasa, eling anak bojo ngenteni neng omah

Golek duit nganggo rekoso, nek ono luwih ojo dadi sing ra miguno
Dilakoni sinambi sinau dadi wong tuo, ojo lali karo Gusti sing gawe urip

Urip sak cukupe, sing penting iso migunani
Nyawang koe tenanan, aku wes seneng kangmas
Orasah ngoyo, sejatine tresnaku sak jembar segoro

Tresnaning Gusti, ngleremke ati
Ojo lali, urip kui ngenteni mati