Tuesday, December 2, 2008

Jarene bojoku

Mbiyen kan aku wes kondo, urip bebrayan kui ora gampang
nek susah ojo nggresulo, nek seneng ojo umuk

Setu Gajian, Minggu Itungan, Senen Golek Utangan, Kemis Gelimpangan, Jum'at meneng-menengan.

Dadi wong wedok, pecicilan ngladeni bojo karo anak
Dadi wong lanang golek pangan, kepikiran disambati bojo karo anak

Golek gawean kui ora gampang, ojo nglokro mergo diseneni juragan
Awak lungkrah kui wes biasa, eling anak bojo ngenteni neng omah

Golek duit nganggo rekoso, nek ono luwih ojo dadi sing ra miguno
Dilakoni sinambi sinau dadi wong tuo, ojo lali karo Gusti sing gawe urip

Urip sak cukupe, sing penting iso migunani
Nyawang koe tenanan, aku wes seneng kangmas
Orasah ngoyo, sejatine tresnaku sak jembar segoro

Tresnaning Gusti, ngleremke ati
Ojo lali, urip kui ngenteni mati

10 comments:

imadawwas said...

sing sareh, lan ojo sok kemrungsung!

Anonymous said...

hng... opo yen mengko aku nduwe bojo, yo ngono ya? :-? Medheni ae

Anonymous said...

setiap orang sudah punya blueprint kehidupan sehari, dinikmati saja. ketika susah, kamu telah melewati proses untuk merasakan senang dan ketika kamu senang, berusahalah berbagi dengan orang lain.
susah kemudian senang adalah proses experimental kehidupan yang sangat keren, senang kemudian susah adalah rotasi yang harus kamu di jalani.
ingat blue print kehidupan.....

thomasdian said...

iyo nggih. sip jos.

Anonymous said...

Salam kenal.
Wah mirip bener karo pacarku.

Ahmad Fajar said...

Wah penak tenan bojone ....

eruan said...

wuee e e e...wanita idaman pria, tresnane sak jembare segoro :)

adechriz said...

demes tenan ikiy puisine..ganti wae imademes..hehe

Anonymous said...

muhun ijin share ya gan?

Unknown said...

sneng sejatine seneng